Rabu, 01 November 2017

Teks sederhana pranata adicara pahargyan Temanten

Contoh sederhana teks pranata adicara pahargyan Temanten

Assallamu alaikum wr.wb.
Kasugengan ,karaharjan sih nugrahaning gusti hyang maha agung niugi jing kasariro poro rawuh sami.
Nuwun para rawuh,
langkung2 dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang tansah hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundi,

Dhumateng para pangemban pangembating praja satriyaning nagari minongko pandam pandoming kawulo dasih ingkang sinubo ing pakurmatan.

Dhumateng para sarjono,sujono,sujananing budi ingkang sampun wenang hanampi wahyuning kasutapan ingkang satuhu bagyo mulyo,



Dhumateng brayat ageng ,baraya wiro wiyoto,baraya wirotamtama,para pomakaryo,labet projo ingkang mahambeg luhuring darmo,

Dhumateng para alim ulama ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minongko panuntun kiblating manembah ingkang satuhu luhur ing budi,

Panjenenganipun satya wreda ,carana madya,dalah tamu undangan miwah kakung sumawono putri ingkang pantes hanampi pakurmatan,miwah pantes lamunto sinudarsono,nuwun.

Mradapa awit keparengipun bapak...sekalian garwa,kulo ingkang kapitedah sinaroyo hambuko wiwaraning suko,wangening wicoro,dwaraning kondho minongko jejering pambiworo ngaturaken urut reroncening toto upacara ingkang sampun rinakit rinancang dening para kulowongso,
ingkang tartamtu kaweleh kaeneraken ing pawiwahan prasojo ing dinten kalenggahan meniko.

Para rawuh soho poro lenggah,dinten meniko bapak... Netebi darmaning asepuh ,hangrakit sekar cempoko mulyo,miwaho siwi mahargyo suta,malakramaaken ingkang putro ingkang paring asmo mbak...ingkang pikantuk piyantun kakung saking... Ingkang paring asma kangmas....

Para rawuh saha para lenggah,kanti raos panalongso ingkang hamengku karso tansah nyenyuwun ing ngarsane gusti ingkang akaryo loka miwah nyuwun tambah donga Pangestu dhumateng para rawuh saha para lenggah sedoyo,
mugio kelaksananing sedyo ing dinten kelenggahan meniko purwo madya lan wasana tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih saking sambikolo,amin amin allahumma amiin..

Para rawuh sakderenge kulo aturaken urut reroncening toto upacara ingkang sampun rinancang dening para kulawangsa,
Jumbuh kalian kuncaraning bangsa nuswantoro ingkang linambaran agung sarto luhuring pancasilo,
sumonggo nun dhumateng para rawuh saha para lenggah kulo dherekaken sesarengan manungku pujo hastawa puji hastuti ing ngarsaning Gusti Allah ingkang maho kuwasa, 
keranten saking agung rahmat ugi barokahipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kulo, 
Dalah lumampahing adicoro ing dinten kelenggahan meniko winantu suka rahayu basuki nir ing sambikolo.
Awit saking meniko Monggo Kito Maos hamdalah Kanti sesarengan
" ALHAMDULILLAHIROBBIL ALAMIIN"

Sholawat Soho salam mugi tansah kaaturaken dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad saw. Ingkang sampun paring pituduh dumateng kita sedoyo sahinggo saget mbedakaken barang ingkang sae lan ingkang awon,
Mugi-mugi Kulo dalah panjenengan sedoyo dipun akoni dados umatipun, liripun benjang ing Yaumil kiyamah saget pikantuk syafaatipun .
Awit saking meniko sumonggo Kulo dhere'aken sesarengan Maos sholawat
"ALLAHUMMA SHOLLI ALA SAYIDINA MUHAMMADIN WA ALAA ALIHI SAYIDINA MUHAMMAD ".

Para rawuh sampun dumugi wahyaning mangsakala kulo aturaken urut reroncening toto upacara ingkang sampun rinancang dening para kulo wongso inggih meniko:

1.pambuko.
2.waosan kitab suci Alqur'an.
3. atur pambagyo Temanten.
4.atur pasrah saking temanten kakung.
5. Atur panampi saking keluarga Temanten putri.
6.ganti Busono ksatriyan 
7.skores/ramah tamah.
8.piwulang/ sabdo tomo
9.Do'a
Panjenenganipun poro rawuh saha para lenggah mekaten menggah urut reroncening tata upacara pahargyan prasaja ing ri klenggahan puniko ,
Milo hawit saking meniko mugi wonteno suko liloning penggalih kasuwun tansah lelenggahan kanti mardu mardikaning penggalih sarwi paring pujo hastowo puji hastuti saenggo paripurnaning pahargyan prasojo ing hari kalenggahan meniko.

I.
Minongko pambukaning adicoro sumonggo kulo dherekaken sesarengan maos basmalah,dhumateng para rawuh saha para lenggah ingkang mrasuk agami sanes islam kulo sumanggaaken miturut kapitadosan piyambak - piyambak.
Sumangga waosan basmalah kulo dhere'aken,
"BISMILLAHIRROHMANIRROHIM "

II.
Para rawuh saha para lenggah ngancik adicoro sak lajengipun nun inggih waosan kitab suci alqur'an dening panjenenganipun sedherek....
Dhumateng panjenenganipun sedherek ...., sasono soho swasono kulo sumanggaaken .sumonggo nuwun..


III. sakderengipun pasrah :

Wus samekto ing gati ,nun inggih sri Atmojo Temanten kakung sampun jumeneng wonten sak ngajenging wiwara pawiwahan,kepareng badhe hanetepi upacara pasrah.
Cucuking cundaka ingkang dipun salirani panjenenganipun Bapa... Miwah pangapiting putra temanten kakung , panjenenganipun bopo.... Soho ibu...
Kados sampun samekto kepareng badhe masrahaken penganten kakung dhumateng ngarsanipun Bapa.. dalah ibu..( ingkang Hamengku gati ) ingkang palenggahan puniko badhe dipun sarirani panjenenganipun bopo...
Dhumateng Bapa... Sasono soho swasono Kulo sumanggakaken.

Tuladha atur pasrah :

Assalamu'alaikum warrohmatullohi wabarokatuh
Nuwun,
Katur dhumateng bapak Bardam ingkang jumenengipun tinanggenah dados wakilipun bapak Darso sekalian.

Ing ngriki Kulo piniji tinanggenah dados paraga sulih sariranipun  Bpk Yatmijan, ngemban jejibahan kinen sowan Soho matur wonten ing ngarso panjenengan .

Sakderengipun Kulo ngaturaken wigatining sowan Kulo perlu langkung brumiyin ngunjukaken Raos Suko sukur Alhamdulillah dhumateng pangeran ingkang maha agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih rohmati pun, panjenengan Kulo saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu ing Sukoreno.

Bapak Bardam ingkang kinormatan saksampunipun Kulo kasembadan sowan ing ngarso panjenengan ,Kulo kinen ngaturaken salam taklimipun bapak yatmijan, dene ingkang dados telenging sedyo Soho wigatining perlu , Kulo kedawuhan nglarapaken penganten kakung pun bagus Kuswanto ,atmaja kakungipun bapak Yatmijan sekalian ingkang pidalem ing Tlatah Sumberarum, kecamatan Dander , kabupaten Bojonegoro.
Ingkang ing dinten meniko, Minggu 18 Februari 2013 badhe kadaupaken kaliyan anak Roro Yanuarni Lestyorini putra putrinipun Bapak Darso sekalian,

Awit saking puniko Titi wanci puniko pengantin kakung pun bagus Kuswanto Kulo pasrahaken ing ngarso panjenengan borong menggah kelaksananing sedyo.

Kulo amung dherek memuji Mugi satataning tansah manggiyo wilujeng.
Wasana cekap semanten atur Kawulo, menawi anggenipun Kulo sowan wonten tuna dungkaping tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, semanten ugi menawi atur Kulo mboten mranani ing penggalih, kepareng hangluberaken samudra pangaksami.
Nuwun, matur nuwun.
Wassalamu'alaikum warrohmatullohi wabarokatuh."

 IV.sak sampunipun pasrah/ Sakderengipun nampi.

Satuhu tatas titis, Wijang gamblang, cetha trewaca, tumata datang tumpang Suh atur pangardikanipun Risang cundaka hamasrahaken putra pinanganten kakung.
Saklajengipun bopo... (Ingkang nampi ) minongko talanging basa Bapa/ibu...
(Ingkang Mengku gati ) kepareng badhe hanampi sang pindah Narendra, ing wasana, sasana Soho swasono Kawulo sumanggaaken,sumonggo, nuwun.

"Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh
Nuwun,
Katur dhumateng bapak Suwito sekalian ingkang kinormatan .
Kulo ing ngriki minongko sulih sariranipun Bpk Darso sekalian , Titi wanci puniko mundhi dawuhipun kinen nampi Soho hananggapi menggah rawuh panjenengan.

Ingkang puniko langkung rumiyin Kulo hangaturaken Pambagyo wilujeng Sugeng rawuh, Soho munjukake puji syukur Alhamdulillah ing ngarso pangeran ingkang maha agung, dene awit saking paringipun berkah lan pengayomanipun , panjenengan sampun kasembadan rawuh ing ngriki Kanti wilujeng,

Dene punopo ingkang dados wigatinipun , ing ngajeng sampun panjenengan dhawuhaken, Wiwit Purwo ngantos wasana kados mboten kirang trewaca Malih menggah panampi kulo , inggih puniko salam taklim saking bapak sarjana sekalian sampun kulo tampi lan badhe Kulo aturaken dhumateng bapak Darso sekalian , 

semanten ugi bapak Darso sekalian ngaturaken salam kawilujengan Mugi katur bapak Yatmijan sekalian.

Dhumateng bapak Suwito sapangombyong, saksampunipun dhauping pengantin ing mangke Kulo suwun lenggah ngestreni Saha hanjenengi wiwahan puniko ngantos Paripurna
.
Semanten atur panampi kulo, menawi wonten galap gangsuling atur Mugi keparenga paring pangapura.
Matur nuwun."

(Kalajengaken salaman antawis ingkang pasrah lan ingkang nampi

V. ganti busana.

Para rawuh soho poro lenggah ingkang winantu sagunging pakurmatan kepareng ing sedya Temanten sarimbit badhe jengkar saking Sasono rinengga,arso kinirapaken wonten ngarsanipun poro tamu, tumunten manjing Sasono Busono , saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatriyan.
Tataning kirab sinanggit ing ngarso sung tulodho, ing madyo Mangun karso Tut Wuri Handayani.
Kados-kados sampun samekto ing gati para parogo ingkang badhe hanjengkaraken putra penganten,menggah kelaksanan ing sedya Kawulo sumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji.

VI.Skores / ramah tamah.

VII.Sabda Tama/ mauidol hasanah dipun lajengaken Do'a.
Sakderengipun :

Para rawuh Soho poro lenggah, ngancik adicoro ingkang saklajengipun nun inggih,mauidol hasanah kalajengaken Do'a dening tetuwonggo ingkang piniji.
Atur dongo konjuk dhumateng gusti ,
Mugi-mugi panjenenganipun bopo/ibu ( ingkang Hamengku gati) anggenipun hanetepi darmaning asepuh , hamiwaha Putro mahargya siwi , tansah winantu ing suka basuki . 
Semanten ugi Temanten sarimbit anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan agung tansah Atut runtut,ayem tentram, Bagyo mulyo ingkang sinedyo, Rahayu ingkang tinuju wondene ingkang piniji kepareng badhe ngaturaken sabda Tama dalah dongo, panjenenganipun bopo kyai...
Ingkang puniko Sasono Soho swasono Kawulo sumanggakaken.

Saksampunipun Do'a :

Senadyan wus Paripurna waosan / atur donga dening tetuwonggo ingkang piniji ,parandene taksih kapireng suwantenipun lamat-lamat dumeling ing Akasa 
,sumusum hima himantoko ,
saya ndedel nggayuh wiyati ,
Satemah mewah prabawa hanelahi.
Mratandani katarima pamintane mring gusti,
mbabar Wahyu kanugrahan suci, 
Tumanduk panjenenganipun ingkang Hamengku gati,
Ingkang katemben hamiwaha Putro mahargya siwi,
Mugo tetep winengku ing suka basuki,
Lestari sak lami-lami,
Tur kathah rejeki,,
Lumintu dumateng poro rawuh kakung putri,
Senadyan namung reroncening purwakanti,
Mugi untuk berkahing Widhi,
Numusi dhumateng panjenengan lan Kulo sami,
Ingkang hanjenengi ing pahargyan siang/ dalu Niki.

Paripurnaning pahargyan:

Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicoro,jumbuh kalian urut reroncening adicoro, Purwo, madyo, lan wasana sampun kalempahan kalaksanaaken dening poro kulawangsa, Kanti wilujeng Kalis ing rubedo nir ing sambikolo,

Minangka pratandha paripurnaning adicoro ,kasuwun panjenenganipun bopo/ibu...keparenga hanjengkaraken putra Temanten sarimbit, tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, ingkang saperlu anguntapaken kondoring poro tamu Soho nyuwun tambahing berkah Pangestu,
Kanti mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing siang/dalu meniko sampun Paripurna,sinartan sesanti jaya jaya Wijayanti,mugo Rahayu ingkang Samyo ginayuh .

Penutup pranata cara:

Sampun Paripurna pahargyan prasaja ing siang/dalu punika, lumantar pangandeliwara sepindah Malih panjenenganipun bopo/ibu... ngaturaken Gung panuwun Saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah kerawuhan panjenengan sami wonten kuciwaning bojakrami, wonten anuh ingkang kurang wanuh, lungguh ingkang kurang sungguh, miwah suguh ingkang kurang lawuh,
Mawantu-wantu ingkang Hamengku gati nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami. 

Semanten ugi Kulo minongko pangandeliwara ,hambok bilih wonten gonyak ganyuking wicoro, cawuh kliruning boso, kisruhing paramasastra ,miwah kiranging subasito ingkang singlar ing reh tata Krama, jenang sela wader pari sesonderan, aparunto menawi lepat atur Kawulo.
Sepindah Malih, tahu kecap Purwasari menawi wonten keladuking patrap lan pangucap nyuwun pangaksami.

Matur nuwun, mboten langkung Kawulo handerekaken Sugeng kondor, Mugi wilujeng dugi ing dalem.

Akhiru Kalam billahi Taufiq wal hidayah waridho wal Inayah Summa,
assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Video karnaval kabupaten Bojonegoro 2023