Selasa, 31 Oktober 2017

Iki carane Yen pingin Nduweni usaha dhewe

Luwih becik dadi sirahe semut ketimbang dadi buntute gajah,ngunu Kuwi sing dadi semboyan wong sing wis duwe usaha dewe, asal nduweni tingkah laku sing bener, sing diarani sukses iku ora amung ngimpi "
Koyo sing bakal tak tulis Ono ing ngisor Iki 10 langkah naliko sampean pingin ngawiti usaha cilik - cilikan :

1. Delengen kiwo tengen, maksude wong sukses sing wis nglakoni usaha Podo Karo usahane sampean, banjur sinaoni nganti iso.
Nak perlu meluo kerjo dadi anak buahe dhisik supoyo ngerti seluk beluke usaha sing bakal mbok lakoni.

2. Ngerteni modal kawitan naliko mbuka usaha, Kabeh sak perinciane.
Contone  rego sewa toko,listrik,asuransi karyawan sak gajine,lan liyo- liyane supoyo sampean biso ngiro ngiro kebutuhan sak bendinane.

3. Wiwiti kelawan usaha patungan,
sebab sampean durung ngerti resikone mbuka usaha iku mau,misale usaha sampean gagal sampean ora bangkrut utowo nduwe utang.
kajobo lamun sampean wis yakin mesti biso.

4. Dadekno sampean karyawan Soko usahane sampean dhewe,sebab sampean isih ngawiti usaha. mulo kudu gelem kerjo luwih sregep, nglembur,lan ngutamakno kepentingan usaha ing ngatase kesenengan - kesenengan pribadi.
Dadi ora perlu mbayar gaji karyawan senajan gaji sing saithik.

5. Iso ngajeni / ngregani wektu.
Misale awakmu umume kerjo Awan setengah Ari bayaran seket ewu, amargo Saiki awakmu nglakokno usaha dewe, paling ora bayaranmu kudu 100 ewu.

6.yen usaha wes Katon lancar, senajan usaha cilik- cilikan sampean kudu mulai nduwe karyawan Soko njobo,
Mulo Soko Kuwi kudu sing ati - ati naliko golek karyawan lan Ojo kesusu, koyo dene naliko sampean ngawiti mbuka usaha Ojo nganti salah pilih karyawan.

7. Adol keutamaane Dudu regane,
Sebab biasane pelanggan iku ngeluhno regane barang sing sampean dol, mulo Soko Kuwi naliko barang'e sampean di Nyang/ ditawar sampean jlentrehno keunggulane barang seng sampean dol.

8. nggunakake teknologi sing Anyar / canggih.
Pamrihe supoyo ora kalah saingan Karo usaha Podo sing wis Ono sakdurunge.

9.kelawan supplier / sing nyawisi barang dagangan ,lan kelawan langganan sing kulino tuku dagangan kudu sing rukun, njogo Toto kromo sing becik.

10.Paringono pelayanan sing paling becik / total, Ojo setengah setengah.

Kuwi mau sepuluh langkah kanggo ngawiti usaha,sugeng makaryo mugo- mugo dadi wong sing sukses, banjur kepiye carane supoyo biso ningkatake pengasilan???

IKI 10 CORO KANGGO NINGKATAKE PENGASILAN :

1.Tangi turu luwih esuk Soko biasane,supoyo wektu sing di gawe kerjo luwih longgar lan pikiran luwih tenang nalikane kerjo.

2.ojo mikir seng morak marik kajobo mung siji penggawean sing kudu Enggal di brantasi, wong sing mikir kepingin mbrantasi akeh penggawean sak naliko biasane malah ora oleh asil opo - opo.

3.nggawe jadwal penggawean sing kudu di selesekno luwih dhisik,penggawean sing paling penting tulis Ning dhuwur dewe,nganggo tulisan seng cetho, banjur tentokno pirang dino penggawean iku kudu rampung.

4.ojo geleman semoyo utowo ngundur - undur,nanging kudu dilakoni Saiki/ saknaliko.

5.ojo lali di deleng penggaweane opo wes koyo sing dikarepake opo durung,yen durung enggal enggal didandani.

6.ojo lali ngaso/ leren sakwetoro ,sebab pikirane manungso iku biasane Yen di enggo mikir suwe suwe malah nggrambyang utowo morak marik,nak jarene wong pinter ben tetep biso KONSENTRASI.

7.terus Sinau,mbuh Moco buku mbuh takon konco seng wes pinter luwih dhisik supoyo ben ketularan pinter,makane mbahe biyen nak pesen Ojo sok rumongso biso nanging tetep bisoho ngrumangsani ( rumongso bodho,jalaran wong sing gelem Sinau iku wong sing rumongso isih bodho).

8.tetep nduwe pikiran sing apik marang awake dhewe,sepiro rejeki sing mbok Tompo dino Iki kudu disyukuri Yo iku rejeki peparinge gusti dino Iki lumantar asil kringete awake (Ojo geleman sambat / ngersulo )

9.Di watesi anggone dolanan hp utowo nonton TV ganti nyambut gawe.
10.dadekno panggenan kerjo iku panggenan seng nyenengake tur ora mboseni.

Yo iku 10 coro sing biso tak warahno dino Iki,mugo mugo Ono gunane,sugeng makaryo mugo - mugo dadi wong sing Migunani,matur nuwun.

Lan sing ora kalah penting tumrape wong sing nglakoni usaha yoiku supaya deweke di senengi wong akeh, banjur kepiye carane supoyo disenengi wong akeh???
Iki wangsulane,

10 cara sing wis kebukti supoyo awakmu biso disenengi wong akeh :
1. Kenali lan Toto maneh sing dadi watak kepribadenmu.
Awakmu ora bakal dadi pribadi kang biso narik utowo disenengi wong akeh Yen awakmu durung ngerti sekabehane marang sopo sejatine awakmu iku.
Contone :
naliko ngomong Karo liyan,awakmu njaluk benermu dewe opo iso ngempet ego mu??
2.dadi pribadi sing grapyak lan sumeh.
Mesem kang tulus kelebu sedekah, sahinggo wong kang nyawang biso ngrasakne seneng lan ayem.
Upomo awak dewe nyawang wong sing mecucu wae mesti Yo ora seneng.
3.Ora sombong.
Ora enek wong sing seneng Karo wong sombong, lamun enek biasane wong iku Podo sombonge.
Wong sing sombong utowo gumedhe bakal di adohi sak kiwo tengene,  lan sewalike wong kang gelem nglendek lan ora mbanggakake keluwihane bakal disenengi wong akeh.
Niru ilmune pari Soyo isi Soyo ndingkluk.
4. Nduweni empati utowo tepo sliro.
Melu ngrasakne opo sing dirasakke wong liyo koyo-koyo Melu ngalami dewe, supoyo biso Mangkunu kudu biso ngerteni Yen manungso iku diciptaake seje-seje, wayang wae sak kotak ora Podo bentuke.
5. Dadi wong sing enteng tangane gelem ngiwangi wong liyo sing mbutuhake pitulungan tanpo pamrih .
Seneng tetulung ndadekake wong disenengi wong akeh, luwih -luwih nak gelem tetulung sakdurunge dijaluki pitulungan seng penting Ojo koyo calo seng gelem nulung mergo enek karepe.
6. Dadi konco sing gelem ngrungokake ceritane wong liyo.
Rungokno Kabeh sambatane konco, wenehono pendapat lamun dijaluki pendapat, amergo Ning kene posisiku dadi pamireng Dudu penasehat.
Lan Ojo crito marang wong liyo opo sing dadi rahasiane koncomu.
7. Dadi pribadi sing sopan ( pangucap lan tumindak ) jare mbahe ajining diri Soko lathi lan Budi, ajining Rogo Soko Busono.
8.Dadio wong seng seneng nggawe guyune konco, wong sing pinter gawe guyu bakal digoleki wong akeh jalaran biso ngrubah kahanan sing sumpek dadi sumringah.
9.Dadi wong sing keno di percoyo.
Amanat / titipan opo wae sing dititipno marang awakmu jogoen sing tenanan , lan sakteruse sebab kadang senajan setahun dadi wong jujur nanging Goro - Goro mbujuk sepisan wae akhire di cap dadi wong seng Ra keno di percoyo, sing akhire malah ora disenengi wong.
10.Dadi wong sing iso ngajeni wong liyo.
Ojo mung jaluk di ajeni nanging awakmu ora gelem ngajeni wong liyo, jalaran biasane opo sing diparingno wong liyo Yo iku biasane sing bakal awakmu Tompo.
Ojo dumeh mundak keweleh.
Pribadi kang becik iku cedak marang kabecikan, naliko awakmu nandur kabecikan percoyo Yen awakmu bakal ngunduh kabecikan sing matikel tikel.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Video karnaval kabupaten Bojonegoro 2023