Selasa, 31 Oktober 2017

Pesan bijak para sesepuh jawa

21 Pesan bijak para leluhur Jawa / kata bijak orang jawa.

Kata bijak jawa adalah kumpulan kata bijak yang menggunakan bahasa Jawa dan dipastikan memiliki makna yang mendalam bagi pendengar yang menghayati kata - kata itu, dan di antara kata bijak jawa itu adalah :
  1. Eleng asale , Eleng baline. ( Mengerti betul darimana ia berasal, dan darimana ia akan kembali ).
  2. Eling Urip, Eling mati, Eling gusti. 
  3. welas asihe manungso marang liyan, iku bakal ngundang roso welas asihe gusti marang awake dhewe.
  4. Ojo gampang kesirep rupo, Kabeh bakal dadi tuwo lan sirno.
  5. Urip iku Wang sinawang, seneng nyawang penake uwong lali penake dhewe, seneng dhuwene uwong lali dhuwene dhewe.
  6. Yen Urip iku koyo kekehan ( gangsing ) kudu diputer seng banter supoyo biso ngadeg jejeg, Yen kekehan iku mandeg mesthi bakal ambruk, Yen mutere Alon mesthi bakal sempoyongan.
  7. Wong sing biso sabar rikala susahe biso di ukur rikolo senenge, sopo gelem semendhe marang gusti senajan koyo opo kahanane bakal mulyo uripe.
  8. Gusti Allah iku ora sare, mung kadang manungso wae sing kerep ngeming ke.
  9. Eling iku senajan mung sak kedhepe moto, nanging keno kanggo modal ati - ati sedino.
  10. Ojo ngujo donyamu, lan Ojo nganti Leno Yen donyo ngujo awakmu.
  11. Tinimbang adu moto panas - panasan luwih becik adu esem ayem - Ayeman.
  12. Urip ora mung kepiye carane golek panguripan, nanging ugo kepiye supoyo biso nguripi lan gawe urup, lan ngerti sopo sing gawe Urip.
  13. Pontang - penting golek ilmu kanggo Urip sing ora suwe, nanging Ojo nganti lali golek laku kanggo Urip sing saklawase.
  14. Masalah Gedhe ayo di cilikno, masalah cilik Ojo di gedhek - gedhekno, Yen sejatine ora Ono masalah ojo di gawe - gawe.
  15. Luwih becik pinter lakonane, bodho omongane tinimbang pinter omongane bodho lakonane.
  16. Ojo kepingin sing gebyare ngawe - Awe nanging mung iming - iming ora nyoto, nanging sing sregep Sinau lan temenan anggonmu nyambut gawe Kuwi luwih nyoto asile.
  17. Sabar lan syukur iku ilmu sing angel lakonane, nanging sopo sing biso nglakoni sejatine kamulyan ganjarane.
  18. Kabeh seng bener kegaris pinasthi, yen watuk iku keno di tambang nanging Yen wata kegowo tekane Pati.
  19. Bandha pancen biso gawe tentrem, nanging tentrem iku luwih aji tinimbang bandha.
  20. Legawa dalane bejo.
  21. Tresno lan gematine konco iku bakal ketara nalika Podo - Podo susahe, pesenku Yen wis ketemu senenge ojo nganti lali dalane.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Video karnaval kabupaten Bojonegoro 2023