Selasa, 31 Oktober 2017

Sarat saranane supoyo Urip ayem tentrem

Ing tulisanku dino Iki bakal tak jlentrehno maneko Toto coro kanggo ndandani kahanan Urip supoyo luwih apik, lan luwih kepenak, antarane yoiku :

1. Coro supoyo ati biso ayem tentram.
2. Carane ngatur pikiran ben gak gampang stress.
3. Carane pesen nasib sing becik kanggo dino sing bakal kelakon.


Ing ngisor Iki bakal tak bahas siji - siji.

1.Carane supoyo ati biso ayem tentram.

Saben wong mesti kepingin uripe ayem tentram sebab wong sing atine ora ayem ora bakal biso gawe tentreme liyan.
Nanging Ning jaman Saiki ayem tentram dadi barang kang larang banget regane.
Banjur kepiye carane supoyo ati biso ayem tentram??
Iki wangsulane :


a. Narimo ing pandum ( Ngakeh - ngakehi roso syukur )

Kanti roso syukur awakmu bakal rumongso cukup, ora bakal kabotan roso pingin utowo Melik kang banget.lan adoh Soko sipat srakah.Roso cukup lan syukur nggarakake ati ayem tentram.

b. Pikiran sing becik marang Kabeh takdire pangeran.
Kabeh seng kedadean iku sejatine becik, Ono hikmah / rahasia ing Kabeh kedadean / kesusahan.

c. Ngiwangi ngentengno keruwetan pikire liyan, ora kudu nganggo materi nanging Yo iso nganggo perkoro liyane.

d. Ngaso / leren sing cukup.
Cara supoyo sing ora kalah penting supoyo ati ayem tentram yoiku cukup turu lan cukup ngaso / leren.
Coba bedakno rasane awakmu naliko cukup turu lan kurang turu???
Mesti bakal seger lan ayem naliko cukup turu.

e. Ngakeh ngakehi ngguyu.
Ngguyu dadi obat sing manjur kanggo nambani keruwetan pikir, Ngakeh ngakehi ngguyu dadi terapi sing di anjurke banget supoyo dilakoni wong sing lagi Nandang bronto.
Kanti ngguyu awakmu ora mung iso ayem tentram nanging yo marakake awakmu sehat.

2. Carane supoyo pikiran gak gampang ruwet / stress.

Yen ing dhuwur mau wes tak jlentrehno carane supoyo ati biso ayem tentram, Saiki bakal tak jlentrehno kepiye carane supoyo pikiran gak gampang ruwet.

Carane ngatur awak ben gak gampang stress iku lamun di ringkes Ono 8:

a.Turu seng cukup.
Supoyo naliko Tangi isuk awak kroso seger,sing di arani cukup iku ora kudu akeh nemen Yo Ojo nganti kurang.
Titenane turu kurang iku naliko tangi biasane awke loyo,mripate mbendul koyo bar nangis,dene umume turu sing cukup iku 8 jam.

b.Olah raga sing cukup lan teratur.
tuladane saben isuk sisakno waktu nggo mlayu mlayu setengah jam,senam,lan liya- liyane.

c.Ojo lali mangan teratur .
sebab biasane nalikane wong mempeng nyambut gawe iku malah lali mangan, pungkasane awake malah lemes tur malah gampang keserang penyakit.

d. Ojo lali ngrungokake lelagon utowo gending-gending  sing biso marakake pikiran keroso luweh seger,contone shalawatan, tayuban, Ojo ngrungokake lelagon sing tambah nggarakake pikiran malah lemes.

e. Ngadakake acara Karo konco lawas / reoni, saperlu mbahas crito jaman cilik sing umume lucu - lucu,supoyo pikiran awake iso seger.

f. Nglakoni penggawean sing cocok Karo kesenengane ati utowo hobi.

g. Ngadakake rekreasi / liburan sak keluarga Ning panggenan sing biso nggarakake ati seneng nanging ora ngentekake biaya akeh.

h. luangno wektu kanggo dzikir wengi utowo nglakoni meditasi utowo pernapasan seng teratur.

Kuwi mau 8 penggawean sing biso nggarakake pikiran bali seger,tur ora gampang ruwet utowo Ling Lung, Monggo dipun paraktekake saknaliko Ora usah semoyo,supoyo asile biso dirasakke sak naliko.

3. Saiki sing pungkasan bakal tak jlentrehno carane pesen nasib sing becik lan kepenak kanggo dino sing durung kelakon.
Carane pesen nasib Iki lamun tak ringkes Ono 15 :


1.Yen enek masalah Ojo nganti bingung tapi kudu diselesekno nganti tuntas, jarene mbahe masalah kudu di adepi Ojo di playoni.

2. Ojo pisanp - pisan nduwe pikiran Yen  "awakmu ora bakal biso " nanging kudu sewalike
" aku mesti bakal biso jalaran aku nduwe pangeran sing bakal nulungi aku". Utowo
" Wong liyo wae Yo iso,mesthine aku Yo iso ".

3. susah lan bungah Kabeh gumantung pikirane dewe,mulo Soko Kuwi Ojo pisan - pisan nduwe pikiran sing pungkasane nggarahi ngersulo, becik dirasakno minongko nikmat peparinge gusti Allah nuli di syukuri.

4. Sembarang kangelan lan kesusahan iku ora Ono sing sak lawase,mulo Soko Kuwi Ojo banget banget anggonmu nelongso,jare mbahe biyen Urip ngunu Cokro manggilingan utowo Urip ngunu koyo rodo sing munyer tegese kadang Ning ngisor kadang Ning dhuwur mulo Soko Kuwi dilakoni ae koyo banyu sing Mili.

5. Wong sukses utowo wong kang Joyo iku amergo Soko sikap lan tata krama kang becik, jalaran wong kang Toto kromone becik bakal disenengi wong akeh lan kajobo Toto kromo Ono sebagian Joyo iku jalaran Soko ketrampilan.

6. wong Urip bakal ngunduh wohing Pakarti ,utowo ngunduh pakartine dewe nandur telo Thukul telo ,nandur pari Thukul pari ,nandur becik ngunduh kabecikan, nandur olo ngunduh kanistan.
Lamun Saiki awake susah menowo wae Iki minongko panenan Soko tumindak sing wis tinandur sakdurunge.
Saiki kudu ditompo becik (minongko nandur ) kanggo jaman seng bakal kelampahan.

7.modal Urip sing paling penting yoiku kebagas warasan ,jogo sing temenan Kanti turu sing cukup,panganan sing marakake sehat lan olah raga.

8. Dalan Urip iku ora Kabeh Alus ,Padang lan kenceng, nanging kadang mungah ,mudun, menggok ngiwo, menggok mengenai, kadang enek Lampune, kadang peteng.
Semunu ugo Urip ora mungkin ayem terus,cukup terus mongko Soko Kuwi naliko awakmu lagi nepaki Urip susah lan kekurangan Kuwi sejatine wis dianggap biasa biasa ae.

9. koyo dene kendi utowo ceret Kuwi amung ngetokno isi koyo dene opo sing di isekno, di isi banyu ngetokno banyu, di isi bensin ngetokno bensin lan liyo liyane.
Semunu ugo pikiran diisi kelawan buku sing di woco, wocoen buku buku sing biso nggarakake awakmu ing tembe mbesuk Urip kepenak.

10. Naliko kumpul Karo sopo wae Ojo nganti ngomongno kesalahane wong liyo/ rasan - rasan olone wong liyo, sebab wong sing mbuk Jak rasan- rasan bakal mikir " awakmu neng ngarepku ngrasani wong liyo, umpomo awakmu Ning ngarepe wong liyo mesti ngrasani aku ".

11. Kumpul bakul minyak wangi awakmu bakal ketularan wangi sak ora orane mambu wangi, kumpul tukang pande bakal mambu beluk sangit, pilih pilih konco sing becik tata kramane supoyo bisa ketularan Toto kromo sing becik, kajobo nak awakmu pingin nuntun marang kabecikan awakmu biso kumpul sopo wae.

12. Tumindak becike wong liyo tulisan ing watu, tumindak becikmu marang wong liyo tulisan ing lemah.
Ojo gampang nglalekake pakartine wong liyo sing wis nulungi awakmu luwih luwih budhine ibu sing wes nglairake awakmu,lan budhine bapak sing wes nyukupi keperluanmu.

13. Ora Ono manungso kang Sampurno, awakmu nduwe kekurangan seng mbuk ngerteni, wong liyo Yo nduwe kekurangan sing kudu yo di ngerteni wonge dhewe.
Ajining dhiri Soko lathi ,ajining Rogo Soko Busono.

14. Ojo gampang ceklek ati lan pupus Pangarep -arep, mbuh koyo kahananmu Saiki awakmu kudu biso sabar ikhtiar lan tawakal.

15. Ojo seneng bantah bantahan opo maner perkoro kang sepele, di lakoni wae becik ketitik olo ketoro.

Kuwi 15 perkoro seng kudu mbok eling-eling supoyo nasibmu ing tembe mburi nemoni kabegjan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Video karnaval kabupaten Bojonegoro 2023